UMAH ADAT TAJUG

 

gambar umah adat tajug

  • PENJELASAN

        Griya adat Jawa Tengah salajengipun inggih menika griya Tajug. Cocog kalih tradisi lan budaya jawi, saleresipun griya  adat Tajug langkung dipunkhususaken kangge ngibadah lan ngawontenaken kegiatan sakral. Dados, wanci menika namung panggenan-panggenan ibadah kados masjid lan mushola mawon ingkang ngangge konsep Tajug. Mila mboten betah heran menawi griya-griya ibadah wonten Jawa Tengah kathah ingkang ngangge arsitektur Tajug. Wondene griya ibadah ingkang ngangge konsep menika ing antawisipun inggih menika  Masjid Agung Demak, Masjid Menara Kudus, Masjid Wustho Mangkunegaran, saha Masjid Raya Cilodong Purwakarta. Sedaya bangunan Tajug kasebat nggadhahi ciri kas wonten perangan atapipun ingkang runcing. Nanging kangge bentuk bangunanipun tetep persegi.


  • FUNGSI UMAH ADAT TAJUG

fungsi ruangan griya adat tajug cocog kalih tradisi lan budaya jawi, saleresipun griya adat tajug langkung dipunkhususaken kangge ngibadah lan ngawontenaken kegiatan sakral. Dados, wekdal puniki namung panggenan-panggenan ibadah kados masjid lan mushola mawon ingkang ngangge konsep tajug. Dados kangge griya adat tajug ingkang saged dipunsebat masjid mboten nggadahi ruangan senthong kiwe lan tengen, gandri, lan gandhok. Tuladha griya adat tajug ingkang wonten ing Banyumas inggih punika Masjid Nur Sulaiman. Sumangga kita bahas sa persatu ruangan griya adat jawi 

 

1) Bale/ ruang tamu
 Masjid/tajug berfungsi dados penerimaan kangge masyarakat umum. Wonten bale ugi limrahipun dipunangge kangge pengaosan, lan sinau ngaji.
 
2) Dalem
 Perangan dalem puniki kelebet ruangan ingkang privat amargi dipunangge kangge ibadah.
 
3) Senthong kiwe, tengah, tengen 
 Midherek pangertosan senthong piyambak inggih punika:
 
 * Senthong kiwe dipunangge kangge 
 nyimpen wos , gabah, utawi hasil-hasil pertanian sanesipun , kados klapa , sata , kopi lan sanesipun. Nanging wonten lebeting griya Tajug mboten nggadhahi senthong kiwe.  
 * Senthong tengen dipunangge kangge nyimpen benda-benda perlu acara resmi (upaminipun : rasukan adat, rasukan kebesaran, lan angge-angge), benda-benda sarana upacara (upaminipun : dupa, sela , utawi wangi-wangian), utawi benda-benda bertuah lan pusaka (upaminipun dhuwung, waos, utawi sela bertuah). benda-benda kangge perlu acara resmi, sarana upacara, lan pusaka kasebat dipundekek lebet lemantun wonten ruang senthong tengen puniki. Ruang senthong tengen dipunangge kangge ruang tilem tiyang sepuh. Nanging teng griya adat Tajug mboten nggadahi senthong tengen.
 * Senthong tengah gadhah nilai ingkang paling sakral dipunbandingaken kalih senthong kiwo utawi senthong tengen amargi limrahipun dipunkhususaken kanggeruang sembahyang. Griya tajug nggadhahi senthong tengah kangge ngibadah. 
 
4) Gadri 
Gadri inggih punika ruang nedha ingkang panggenanipun limrahipun dibelakang dalem lan bersebelahan kalih pawon. Griya tajug mboten nggadhahi Gadri. 

5) Gandhok 
Gandhok yaiku bangunan papan kegiatan masak dipunlampahaken, papan awu (abu) saking tirah pembakawan kajeng wonten. Bangunan ingkang dipunangge dados kandang ternak khusunipun kangge lembu, maesa utawi menda . Griya adat Tajug mboten nggadhahi gandhok.


  • JENIS - JENIS UMAH ADAT TAJUG 

1. Tajug Semar Sinongsong

 



Bangunan iki nggunakake tiang ing tengah minangka saka guru. Ing gambar ing Pergub DIY No. 40 taun Taun 2014 taksih wonten kalepatan amargi ing sketsa sisih tengen taksih wonten 4 kangge saka guru.

 


2. Tajug Pokok


Bentuk gendheng tajug sing paling prasaja.


3. Tajug Lawakan

Wangunan tajug minangka pangembangan wujud utama kanthi tambahan 4 sisi emper keliling.

 


4. Tajug Semar Tinandhu

 

Bangunan iki dhasare padha karo bangunan tajug lawakan. Bedane, pilar-pilar sing nyengkuyung payon brunjung ora langsung menyang lemah nanging mung nganti blandar. Mula ing gedhong iki ora ana saka guru.

5. Tajug Lawakan Lambang Gantung

 Bangunan iki dhasare padha karo bangunan tajug lawakan. Bedane ana ing payone panjawab kang digandheng langsung karo saka benthung saengga ana jarak antarane payon brunjung lan payone panyandra.

 

6. Tajug Lambang Teplok
Bangunan iki dhasare padha karo bangunan tajug lawakan. Bedane ana ing payon tanggap kang digandheng langsung karo saka guru saengga ana jarak antarane payon brunjung lan payon sing tanggap.



Anggota Kelompok : 

    1. Aulia Azzah Putri Asdiana (07)
    2. Ruzanna Salsabil (24)
    3. Tri Haryanto (29) 
    4. Yogi Agus Saputra (32)

XII MIPA 1




 

Komentar